Sunday 1 June 2014

Syi’iran Gus Dur



Syi’iran Gus Dur


Ngawiti ingsung nglaras syi’iran
ÇÉÈ
Kelawan nyebut asma pengeran
Kang paring rohmat lan kani’matan
ÇÉÈ
Rino lan wengi tanpo petungan
Duh bolo konco priyo wanito
ÇÉÈ
Ojo mung ngaji syari’at bloko
Gor pinter ndongeng nulis lan moco
ÇÉÈ
Tembe mburine bakal sangsoro
Akeh kang apal qur’an chadise
ÇÉÈ
Seneng ngafirke marang liyane
Kafire dewe dak di gatek’ke
ÇÉÈ
Yen iseh kotor ati akale
Gampang kabujuk nafsu angkoro
ÇÉÈ
Ing pepahese gebyarin dunyo
Iri lan meri sugihing tonggo
ÇÉÈ
Mulo atine peteng lan nisto
Ayo sedulur jo nglaleake
ÇÉÈ
Wajibe ngaji sak pranatane
Nggo ngendelake iman tauhide
ÇÉÈ
Baguse sangu mulyo matine
Kang aran sholeh bagus atine
ÇÉÈ
Kerono mapan sari ‘ilmune
Laku toreqot lan ma’rifate
ÇÉÈ
Ugo haqeqot manjing rasane
Alqu’an qodim wahyu minulyo
ÇÉÈ
Tanpo tinulis iso di woco
Iku wajangan guru waskito
ÇÉÈ
Den tancepake ing njero dodo
Kumantil ati lan fikiran
ÇÉÈ
Merasuk ing badan kabeh jerohan
Mu’jizat rosul dadi pedoman
ÇÉÈ
Minongko dalan manjinge iman
Kelawan alloh kang moho suci
ÇÉÈ
Kudu rangkulan rino lan wengi
Di tirakati di riyadlohi
ÇÉÈ
Dzikir lan suluk jo nganti lali
Uripe ayem rumongso aman
ÇÉÈ
Dununge roso tondo yen iman
Sabar narimo najan pas pasan
ÇÉÈ
Kabeh tinakdir sangking pengeran
Kelawan konco dulur lan tonggo
ÇÉÈ
Kang podo rukun ojo gae sio
Iku sunahe rosul kang mulyo
ÇÉÈ
Nabi muhammad panutan kito
Ayo nglakoni sekabehane
ÇÉÈ
Alloh kang bakal ngangkat derajate
Senajan asor toto dzohire
ÇÉÈ
Ananging mulyo maqom derajate
Lamun palastro ing pungkasane
ÇÉÈ
Ora kesasar roh lan sukmane
Den gadang alloh suwargo manggone
ÇÉÈ
Utuh mayite ugo ulese

No comments:

Post a Comment