Sunday 15 January 2012

SEBUAH KEKURANGAN

SYI'IR TANPO WATON

Ngawiti Ingsun Nglaras Si’iran....
Kelawan Muji Mareng Pengeran
Kang Paring Rahmat Lan Keni’matan
Rino Wengine Tanpo Pitungan 2x

Duh Bolo Konco Priyo Wanito....
Ojo Mung Ngaji Syari’at Bloko
Gor Pinter Ndongeng Nulis Lan Moco
Tembe Mburine Bakal Sangsoro 2x

Akeh Kang Apal Qur’an Hadise....
Seneng Ngafirke Marang Liyane
Kafire Dewe Gak Di Gatek’ke
Yen Iseh Kotor Ati Akale 2x


Gampang Kabujuk Nafsu Angkoro....
Ing Pepaese Gebyarin Dunyo
Iri Lan Meri Sugie Tonggo
Mulo Atine Peteng Lan Nisto 2x

Ayo Sedulur Jo Nglaleake......
Wajibe Ngaji Sak Pranatane
Nggo Ngendelake Iman Tauqite
Baguse Sangu Mulyo Matine 2x


Kang Aran Sholeh Bagus Atine....
Kerono Mapan Sari ‘Ilmune
Laku Toreqoot Lan Ma’rifate
Ugo Haqeqot Manjing Rasane 2x


Alqu’an Qodim Wahyu Minulyo....
Tanpo Tinulis Iso Di Woco
Iku Wajangan Guru Was Kito
Den Tancepake Ing Njero Dodo 2x

Kumantil Ati Lan Fikiran
Merasuk Ing Badan Kabeh Jeroan
Mu’jizat Rosul Dadi Pedoman
Minongko Dalan Manjinge Iman 2x

Kelawan Alloh Kang Moho Suci....
Kudu Rangkulan Rino Lan Wengi
Di Tirakati Di Riyadloi.....
Dzikir Lan Suluk Jo Nganti Lali 2x

Uripe Ayem Rumongso Aman
Dununge Roso Tondo Yen Iman
Sabar Narimo Najan Pas Pasan
Kabeh Tinakdir Sangking Pengeran 2x


Kelawan Konco Dulur Lan Tonggo
Kang Podo Rukun Ojo Gae Sio...
Iku Sunahe Rosul Kang Mulyo
Nabi Muhammad Panutan Kito 2x

Ayo Nglakoni Sekabehane....
Alloh Kang Bakal Ngangkat Derajate
Senajan Asor Toto Dzhohire
Ananging Mulyo Maqom Derajate 2x

Lamun Palastro Ing Pungkasane.....
Ora Kesasar Roh Lan Sukmone
Den Gadang Alloh Suwargo Manggone
Utuh Mayite Ugo Ulese 2x


untuk file mp3 dapat didownload disini

No comments:

Post a Comment