Wednesday 2 May 2012

CONTOH SAMBUTAN WALI SISWA BAHASA JAWA



السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
بِسْمِ اللهِ اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ خَلَقَ الإِنْسَانَ وَعَلَّمَهُ الْبَيَانَ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ اَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ، اَشْهَدُ اَنْ لاَاِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدِنِالْمَبْعُوْثِ بِاَشْرَفِ اْلاَدْيَانِ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَاَتْبَاعِهِ السَّالِكِيْنَ اِلَى مَنْهَجِ اللهِ الْقَوِيْمِ، اَمَّا بَعْدُ:

·         Ingkang kulo hurmati Kepala Sekolah ....... .......,
·         Ingkang kinurmatan panjenenganipun ……………………………………….
·         Dumateng sedoyo dewan pengajar, komite sekolah, dan sedoyo staf karyawan staf karyawan .......ingkang mboten waget kito sebat setunggal book setunggalipun ingkang kito mulyaaken,
·         Mboten kesupen dumateng sedoyo wali siswa/siswi .......ingkang kito hurmati ugi
·         Hadirin hadirot rohimakumulloh
Pertama-tama sumonggo kito tansah muji syukur wonten ngayunan dalem Allah SWT ingkang sampun mringi mapinten-pinten kanikmatan soho karohmatan dumateng kulo lan panjenengan sami sahinggo wonten ning wekdal puniko kito waget makempal manunggal wonten ing majlis ingkang kebak berkah puniko, wonten ing acara ………………………………………….. kanti bahagyo raharjo, kalis saking samudayaning  rubedo. Pramilo saking puniko raos syukur kito ikroraken kanthi waosan tahmid sesarengan, kulo dereaken, Alhamdulillahirabbil’alamien.
Shalawat soho salam Allah SWT mugi katur kunjuk dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW, nabi ingkang sampun nedahaken Umatipun saking mergi ingkang awon tumuju dumateng mergi ingkang sae lumantar agami ingkang dipun junjung tinggi wonten ngarsaning gusti, inggih puniko Agami Islam, mugi-mugi kito sedoyo kagolongaken umatipun Nabi Muhammad SAW ingkang pikantuk syafa’at wonten ing dinten kiamat, amien. Lan kangge nglahiraken raos mahabah kito dumateng Nabi Muhammad kita lahiraken kanti waosan sholawat, kulo dereaken: Allohumma Sholli ala sayyidina Muhammad wa’ala ali sayyidina Muhammad.
Ing mriki kulo minongko duro saking sedoyo wali siswa/siswi .......bade ngaturaken mapinten-pinten perkawis:
-          Ingkang sepisan: kulo selaku wakil saking sedoyo wali siswa/siswi .......ngaturaken matur suwun ingkang tanpo pepindan dumateng kepala Sekolah khususipun, lan dumateng sedoyo dewan guru ingkang sampun ikhlas ndidik lan ngitik-itik soho ngupokoro putra-putri kito wonten ing .......puniko, keranten mboten sekedik doyo lan harto ingkang sampun dipun relaaken kangge berjuang mendidik lan membina putra-putri kito wonten ing .......puniko.
-          Minongko pamatur ingkang kaping kalih: sedoyo wali siswa/siswi .......mboten waget ngaturi punopo-punopo dumateng sedoyo ingkang sampun ikhlas biantu terselenggaranipun pendidikan wonten ing .......puniko, kejawi namung atur do’a: jazakumullohu ahsanal jaza jazaan katsiro, mugi-mugi Allah mbalas jasanipun kanthi sak sae-saenipun balesan, amien.
-          Ingkang kaping tigo: kito selaku wakil wali siswa/siswi sanget njadang ridlo saking dewan guru sekalian, linangkung Kepala Sekolah .......tercinta puniko, mugi-mugi ilmu ingkang sampun dipun pringaken dados ilmu ingkang berkah lan manfa’at wonten ing dunia dumugi akhirat, Amien.
-          Sak lajengipun naliko siswa/siswi .......nempuh pendidikan, mesti kathah kenakalan lan kalepatan ingkang dipun lampahi, ingkang mesti kenakalan lan kalepatan puniko waget memancing duko soho nguji kesabaran bapak lan ibu guru sekalian, pramilo saking puniko kanthi ati ingkang tulus kito nyuwunaken pangapunten dumateng bapak lan ibu guru atas kenakalan putro/putrid kito sedoyo, mugi-mugi panyuwunan ngapunten puniko waget dipun ijabahi.
-          Pamatur sak lajengipun: kito nyuwun do’a soho restu sangking bapak lan ibu guru mugi-mugi siswa/siswi ingkang lulus wonten ing tahun meniko waget nglajengaken wonten ing jenjang pendidikan ingkang langkung inggil kanthi mlebet jenjang pendidikan ingkang dipun kersaaken, lan ugi waget junjung inggil nama lan martabat SDN 3 Bandongan.
-          Lan kangge pungkasaning pamatur, kito estu-estu jejadong do’a mugi-mugi .......puniko waget dados setunggalipun sekolah ingkang berhasil maringi bekal siswa/siswinipun kanthi ilmu lan toto kromo, sehinggo dados generasi penerus bangsa ingkang berbakat, beradab, cerdas, terampil, unggul ilmunipun, santun akhlakipun, berjiwa tegar, tegas, soho berbudi lan peduli. Amien.
Cekap semanten pamatur saking kulo, saking awal dumugi akhir mesti kathah klentan-klentunipun, pramilo saking puniko kulo estu-estu nyuwun agunging samudro pangaksami.
Kulo akhiri.

وَاللهُ الْمُوَفِّقُ اِلَى اَقْوَامِ الطَّرِيْقِ
والسلام عليكم ورحمة الله وبركاته




No comments:

Post a Comment