Sunday 1 June 2014

Contoh Prakata Panitia Bahasa Jawa



Contoh Prakata Panitia Bahasa Jawa

اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ اَلْحَمْدُ لِلَّهِ، اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ اَمَرَ عِبَادَهُ بِالدُّخُوْلِ فِى اْلإِسْلاَمِ كَآفَّةً وَاَوْجَبَ عَلَيْهِمْ حِفْظَ الدِّيْنِ مِنْ مَكَايِدِ اْلأَعْدَآءِ مِنَ الْكَافِرِيْنَ الْفَجَرَةِ
اَشْهَدُ اَنْ لآاِلَهَ اِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمَبْعُوْثُ بِالشَّرِيْعَةِ الْعُلْيَةِ. اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ وَالاَهُ، اَمَّابَعْدُ:
-          Poro ‘Alim Ulama ingkang kulo dereki menggah fatwa pangendikanipun
-          Wabil akhosh panjenenganipun Bpk. KH. M Aliyyul Munief Qst soho Ibu selaku Pengasuh Pondok Pesantren Ma’ahidul ‘Irfan ingkang kulo cadang-cadang Barokah, Manfaat, Soho Ridlo Ilmunipun
-          Almukarrom Simbah KH. Mufid Mas’ud saking Ngayojokarto ingkang tansah kito tenggo-tenggo menggah fatwa pangendikanipun
-          Hadirin Hadirot Rohimakumulloh...
Sepisan, moggo kito sesarengan angunjuaken rahos syukur wonten ngarso dalem Allah SWT ingkang sampuan maringi kathahing nikmat, arupi nukmat lahir soho batin sehinggo wonten ing wekdal puniko kito waget pepanggihan wonten ing majlis puniko tanpo setunggaling alangan punopo, Amien.
Kaping kalih, Shalawat soho salamIpun Allah SWT mugi katetepno dumateng Nabi Agung Muhammd SAW, ingkang sampun bekto kito saking mergi ingkang awon dumugi mergi ingkang sahe lumantar Agami Islam.
Hadirin Hadirot Rohimakumulloh
Ing mriki kulo minangkani wakil saking sedoyo paniti perlu matur wonten ngarso penjenengan sedoyo:
Pematur ingkang Sepisan: Sedoyo panitia tansah ngaturaken sugeng rawuh dumateng rawuhipun panjenengan sedoyo kanti kulo aturaken
اَهْلاً وَسَهْلاً وَمَرْحَبًا بِقُدُوْمِكُمْ
Ingkang Kaping Kalihipun: Sedoyo panitia ngaturaken agunging matur nuwun ingkang tanpo pepindan kanthi rawuhipun panjenengan sami, ingkang sampun kerso nglodangaken wekdal soho ndanganaken penggalih sak perlu ngrawuhi wontenipun acara puniko. Mugi-mugi rawuh panjenengan sedoyo estu-estu saget dados setunggalipun amal ibadah ingkang dipun tampi wonten ngarso dalem Allah SWT, Amien.
Ingkang Kaping Tiganipun: Sedoyo panitia tansah ngaturaken agunging pangapunten anggenipun sedoyo panitia mboten waget ngaturi papan pinarakan soho pahurmatan (pasugatan) ingkang langkung sae soho mranani wonten ing penggalih panjenengan sedoyo. Sinahoso kawontenan ingkang mekaten, mugi-mugi panjenengan sedoyo waget pinarakan kanthi ngrahosaken sekeco lan waget ngrahab pasugatan kanthi raos eco.
Dungkap Kaping Sekawanipun: Saking sedoyo panitia tansah ngaturaken agunging matur nuwun dumateng sedayanipun ingkang sampun kerso nderek mbiantu ingkang rupi Moril utawi Materiil sehinggo waget terlaksana wontenipun acara Peringatan Isra Mi’raj Nabi Agung Muhammad SAW puniko. Pramilo saking puniko, sedoyo panitia dereng waget bales punopo-punopo kejawi namung ngaturaken do’a:
جَزَاكُمُ اللهُ اَحْسَنَ الْجَزَاءِ فِى الدِّيْنِ وَالدُّنْيَا وَاْلاَخِرَةِ اَمِيْنَ
Mekaten menggah pematur kulo minongko wakil saking sedoyo panitia. Mbok bilih wonten klentan-klentunipun anggen kulo matur saking awal dumugi akhir, kulo nyuwun agunging samudro pangaksami.
Kulo akhiri Ihdinasshirothol Mustaqiim.......
وَالسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ


1 comment:

  1. izin copy gan... mau di prin terimkasih....jazakalloh..berkah

    ReplyDelete