Thursday 5 June 2014

Contoh MC Bahasa Jawa

·         Dumateng PORO alim ulama ingkang rinten lan dalu tansah sumandiing kitab suci wahyuning ilahi minongko kiblating panembah
·         Linangkung pangarsanipun ROMO KYAI HJ M ALIYYUL MUNIF QST dalah ibu ingkang tansah kito jadang2 mengaah sabdo tomo ingkang bade kaaturaken
·         Poro sesepuh lan pini sepuh soho ingkang dipun sepuhaken panjenenganipun bapak kepala desa purwodadi ingkng tansah kito mulyaaken
·         Dumateng poro pangombyong pinanganten  ingkang tansah kito hurmati ugi
·         mboten kesupen dumateng pinanganten  sarimbit  ingkang jejadang kamardikan soho pangestu
·         dumateng poro rawuh, tamu undangan ingkang kito mulyaaken

Sagunging poro pilenggah ingkang kinurmatan
Saderengpun tiang kawulo cumantoko wonten ngarsa anjenengan sami minongko purwakaning pamatur sumonggo kito tansah ambudidoyo syukur wonten ngarsaning gusti ingkang murbeng dumadi ingkang sampun amaringaken mapinten-pinten nikmat soho rohmat sehinggo wonten ing pepanggihan puniko kito waget makempal manunggal kanthi bagyo ing purwo raharjo ing paripurno, amien. Pramilo raos syukur kito ikroraken kanthi wahosan tahmid,alhamdulillahi robbill ‘alamin
Sholawat tuwin salam saking hyang moho agung nun injih Allah SWT mugi katur kunjuk dumateng satunggaling jalmo ingkang minongko patuduhing sadoyo jalmo ing ngalam dunyo nun injih nabi agung Muhammad SAW. Mugi2 kito sedoyo tansah pinaringan syafa’atipun nabi Muhammad saking titi wanci puniko dumugining pagelaran ngalam jagad wonten ing mahsyar, amien.
Sak lajengipun ing mriki tiang kawulo minongko pranoto adicoro wonten ing sasono pawiwahan antawis kang mas bagus Mashun adib, kadapuk panjenenganipun roro ayu Anifatul fuaida puniko bade angaturaken reroncaning adicoro ingkang sampun karacak soho karacik lan ingkang bade kalampah wonten ing wekdal rinten puniko ;
1.   Pambuko
2.   Waosan ayat suci alqur’an
3.   Atur pambagyo
4.   Pasrah panampi pinanganten
5.   Sabdo tomo
6.   Do’a/penutup
Mekatenlah menggah reroncaning adicoro ngkang bade kalampah wonten ing tlatah krandahan, wonten ing rinten puniko.
Ngengeti wekdal ingkang sampun saantawis rinten, pramilo adicoro puniko kito wiwiti kanthi waosan ummil kitab kito dereaken ; al fatihah……………
Matur suwun kanthi waosanipun, mugi2 kanthi barokah waosan ingkang sampun kawaosaken waget ndadosaken lancaring adicoro ingkang bade kalampah, amien
Dungkap adicoro ingkang kaping kalih nun injih waosan ayat suci alqur’an ingkang bade kawaosaken panjenenganipun ………………… Dumateng ingkang kajibahan tugas kulo aturi jengkar saking papan pinarakan tumuju sasono pawiwahan, sumonggo
Matur suwun
Dipun lajengaken adicoro ingkang kaping 3 injih puniko atur pambagyo inking bade kaaturaken panjenenganipun bopo……………………………….dumateng panjenenganipun ingkang minulyo kito aturaken…. sumonggo


Saderenganipun adicoro puniko kito pungkasi ing mriki kulo minongko pambagi wekdal saking purwo dumugi paripurno mesthi kathah klentan-klentunipun duko saking ahwal, af’al, soho aqwal. Pramilo saking puniko kito nyuwun agunging samudro pangaksomo.
Kito akhiri sasono pawiwahan puniko kanthi amuji dedongo
Mugi mugi tansah kaparingan selamet dunyo dumugining akhirat, amin.
salam
Dumateng ingkang minulyo panjenenganipun romo kyai…………………………….kito aturaken, sumonggo

No comments:

Post a Comment